Rabu, 18 Mei 2011

SEWU KUTHO


Sewo kuto uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh
Podo rangerteni
Lungamu neng endi
Pirang tahun aku nggoleki
Seprene durung biso nemoni
Wis tak coba
Nglaliake jenengmu
Soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu
Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan sak kedeping moto
Kanggo tombo kangen jroning dodo
Wis tak coba
Nglaliake jenengmu
Soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu
Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan wektumu mung sedhela
Tak nggo tombo kangen jroning dodo
Senajan sak kedeping moto
Tak nggo tombo kangen jroning dodo

DIDI KEMPOT - LIRIK LAYANG KANGEN

Layangmu tak tompo wingi kuwi
Wis tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ra kroso netes eluh ning pipiku

Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iki ugo aku mesti enggal bali
Ning kepriye maneh mergo kahananku
Cah ayu entenono tekaku

Reff:
Ra maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo pingin turu angel merem
Ra maido sopo wing sing ora trenyuh
Ra kepethuk sawetoro pingin weruh
Percoyo aku, kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku

LIRIK - TRESNO SUDRO

Aboting wong nandang tresno
Tak belani nganti tekan pati
Tresnaku mung kanggo siro
Kusumo ayu sing merak ati

Awan bengi ra biso lali
tansah eling esem mu
Nganti kapan aku rangerti
biso nyanding sliramu

Abote dadi wong sudro
tresno tulus ora dipercoyo
Wong tuwo ngumbar sujono
tansah ngiro aku wong durjono..

Pancen dalan sing tak liwati..
ngalor ngidul mung dengkul..
paribasan turu kelesetan
uripku tansah cedhak pancoban..
Reff:
Cah ayu..cah ayu tak enteni…
Lilane wong tuwamu maringke kowe..
Sing sabar…sing sabar yo tresnaku…
Ing tembe mburi bakal dadi duwekku

Duh..Gusti… sing tak Puji..
Paringono dalan..kanggo tresnaku..

Reff = versi cewek diganti :
wong bagus wong bagus tak enteni..
lilane wong tuaku NERIMO kowee
Sing sabar…sing sabar yo tresnaku…
Ing tembe mburi bakal dadi duwekku

Duh..Gusti… sing tak Puji..
Paringono dalan..kanggo tresnaku...

MEGAT TRESNO

YEN KELINGAN
MARANG SLIRAMU WONG AYU
KOYO RINUJIT RUJIT JRONING ATIKU
DASAR MBIYEN PIYENE
AKU KATON OPO
SAIKINE AKU IKI KATON OPO

DHEK SEMONO SLIRAMU NATE PRASETYO
BUNGAH SUSAH DILAKONI KANTHI LILO
NANGING AKU RA NGIRO
YEN SLIRAMU TEGA
NINGGAL KRAMA MILIH KARO PRIA LIYA

JAN-JANE IKI MAU SALAHE SOPO
KOK NGANTI SLIRAMU MEGATAKE TRESNO
ORA NYONO ATIKU UGO ORA NGIRO
SAIKINE URIPKU BANGET NELONGSO

DUH WONG AYU
MUNG WELINGKU MRING SLIRAMU
OJO TEGA WELASO PUTRA PUTRIMU
AKU WONG ORA GUNA
NGOP TUR KUCIWA
WIS TAK TAMPA
PASRAH KARO SING KUWASA